Sajak Kerinduan Hutan Jati

Posted by seroja Minggu, 06 April 2014 0 komentar

Ngenteni Udan

jalan desa di hutan jati lamongan

Tresnaku miji timun...
Aku iki manungso sing bodho banget 
Amarga omong blaka sutha marang sliramu lan liyane
Nduduhi samubarang senajan ora cetha marang sliramu lan liyane
Amarga nggathukke logika,penalaran lan samubarang ora katon 
Mung kanggo panyinaon marang sliramu lan liyane.
Manungso liyane sing luwih pinter cerdik cendikia
 Pitung dino dawane kaya kali bengawan gathuk kali Kapuas pinuju Malaka 
Kaya nguyahi segara nganti ambata rubuh
Aku mung wong bodho 
Amarga ndeleng taun ora luwih dawa tinimbang cuthik kayu jati 
Seng gemlethak pinggire alas

Aku iki manungso sing bodho banget
 Amarga milih urip nang padhange srengenge lan padhange bulan...
Rino wengi ngenteni udan 
Nang jero alas kasunyatan

Tresnaku miji timun
Wengi iki aku isih ngenteni udan...
Amarga teles banyune isih digandoli ati
Karo sato kewan lan tanduran
Ayam alas,manuk prenjak uga maneh gagak
yo isih mudher kiper playon enten entenan
Mung Jati sing takungkepi iki meneng ora ono omonge
Tresnaku miji timun
Mung dungaku marang Gusti Kang Murbeng Dumadi...ora liyane.
Aku isih ngenteni udan 
senajan rekoso balungku
Senajan garing lambeku kaya godhong jati nang pucuk
Aku isih ngenteni udan 
Amarga iku panguripe kanggo makhluk liyane


Baca Selengkapnya ....